Cangkriman iku unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umume kanggo gegojegan. Ana uga cangkriman kang digawe sayembara ing lakon
wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blenderan (plesedan). Ana uga
wangsalan kang dijawab dhewe
Cangkriman Wancahan Wancah iku tegese cekak.
Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka
gatra kang ana. Contone:
- kabaketan = nangka tiba nang suketan.
- pakboletus = tapak kebo ana lelene satus.
- burnaskopen = bubur panas kokopen.
Cangkriman Pepindhan
Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane. Contone:
- Sega sekepel dirubung semut = salak.
- Pitik walik saba kebon = nanas.
- Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
- Wit adhikih woh adhakah = waloh.
- Wit adhakah woh adhikih = ringin.
Cangkriman Blenderan
Contone: Cangkriman blenderan iki cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.
- Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
- Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing mati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar